lonelylontongAvatar border
TS
lonelylontong
Layang Saking Thanos, Bab Virus Corona.

Gbr diambil dr : rlist.io


Katur kagem sedherek sekalian.

Sesami makhluk ing alam donya punika, nami kulo Thanos.

Kulo sumerep njenengan sekalian, dina-dina iki, batine lagi rusuh, ajrih, kuatir babagan pageblug Virus Corona.

(Benere yen kulo pikir-pikir, sampeyan sedaya niku kok yo lucu, sejatine luwih kathah tiyang pejah amargi tabrakan dibanding tiyang pejah amargi Virus Corona.

Ning saben taun isih bondong2 tumbas motor anyar.

Nanging kulo mboten arep mbahas masalah niki.)

Kulo nulis layang niki, kersa ngajak sedherek sekalian ningali masalah Virus Corona, saking sudut pandang sing positif. Madosi hikmah saking musibah niki.

Sampun puluhan tahun, menungso nggragas nyedot sumber daya alam, ora ngitung-itung kesanggupane bumi. Lali kaliyan makhluk-makhluk liyane ing donya niki.

Senajan wis okeh sing ngelingke bahayane, nanging sing jenenge laju perekonomian, mboten saged di-rem.

Yen laju ekonomi lesu, mengko dipangerteni bahwasane kuwi tandane pemerintahan gagal, ujung2e rusuh.

Akhire kabeh pejabat ning donya niki, kala nduwe kuoso, mesthi golek piye carane supaya perekonomian tambah mekar, tambah nggragas, lemu ginuk2 koyo rondho sing sik enom kae.

Sing sugih, lali karo takdir. Ora saged nerimo wayah-wayahe wong urip. Ana lahir, ana mati. Ana wayahe enom, ana wayahe dadi sepuh.

Piyambak sedaya wani mbayar miliar2an, nggolek piye carane supoyo awet enom, lan urip selaminipun.

Ora sadar, yen populasi menungso sing saya suwe, saya mbludak meniku, dadi beban kanggo alam donya.

Saiki cobi ditingali hikmah saking Virus Corona.

Negoro2 padha2 mandhegake pergerakan menungso, sing biasane muter kaya beras diinteri, dipekso meneng, mandhap ning omahe dhewe2 (istilah kerenipun lockdown). Coba sampeyan itung2 pengurangan polusi udara saking kendaraan bermotor.


Gbr diambil dr : telegraph.co.uk

Negara lan menungso sing biasane tergantung kaliyan negara liyane (sithik2 impor, sithik2 impor), saiki bingung ngerasa-ake kebutuhane ora sanggup dicukupi kaliyan produksi dalam negeri.

Mugi-mugi, sakwise Virus Corona niki, sedaya sekalian belajar nyukup2i kebutuhan masing-masing. Yen perpindahan barang-barang antar negara berkurang, jelase konsumsi BBM lan polusi uga berkurang.

Amarga Virus Corona niki, populasi menungsa uga bakal berkurang. Kulo ngertos dhukanipun sedhaya sekalian
Ning.... Yen populasi berkurang, beban alam donya niku ugi berkurang.

Mila sedherek sekalian, ra sah susah, santuy bae...

Pageblug niki ana wayahe, yen wis liwat, sokur2 ana hikmahe.

Atur sungkem,

Thanos

NB: Aku sik repot nggoleki watu rek. Mengko yen wis kumpul watune, aku tak mampir omahmu.


Gbr diambil dr : looper.com


Titip salam kanggo Chris lan Robert, elingno cah loro kae, yen nemu watune, tolong disimpen, mengko sak wayah2 aku mampir nggo njupuk watune.
4iinchAvatar border
infinitesoulAvatar border
swiitdebbyAvatar border
swiitdebby dan 5 lainnya memberi reputasi
6
1.6K
9
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Komunitas Pilihan